Pilihlah jawaban yang paling tepat dan benar!
Pamarentah penjajah Walanda judheg pikire, bola-bali saben
nyoba mbedhah kadipaten Tegal ora tau kelakon. Aja maneh nguwasani pinangka
dhaerahlarlaran jajahan, mlebu kutha wae ora bisa. Apa maneh Kadipaten Tegal
dipandhegani dening adipati Martalaya sing ora tedhas gegaman apa wae.kompeni
banjur gawe akal-akalan ngedu Adipati Martalaya karo sedulure tunggal guru
yaikuMartapura. Martapura diiming-imingi kalungguhan adipati angger bisa mateni
Adipati Martalaya. Martapura nyarujuki pepenginane Kumpeni. Martapura banjur
teka ing Kadipaten Tegal.
Martapura :
“Adhi Martalaya, tekaku mrene sepisan tilik keslametanmu sakulawargamu. Dene
sing kaping pindhne aku dadi jagoning Kumpeni sing saperlu ngelikake lan ngajak
Adhi supaya gelem rerangkulan karu Kumpeni.”
Martalaya :
“kakang, aku matur nuwun dene Kakang keraya-raya gelem niliki aku lan
kulawargaku ana Kadipaten Tegal iki. Nanging Kakang, aku babar pisan ora bisa
minangkani panjaluke Kakang supaya aku gegandhengan karo bangsa penjajah sing
tansah sawiyah-wiyah marangbangsane dhewe.”
Martapura : “Lo,
mengko dhisik, Dhi. Kumpeni ora bakal sawiyah-wiyah marang Adhi Martalaya.
Malah Kumpeni bakal awehpambiyantu amrih panguwasaning Adhi Martalaya tetep
bisa lestari.”
Martalaya : “Ora
kakang. Aku ora perlu bantuane bangsa penjajah sing murang tata lan seneng
tumindak nistha iku.”
Martapura :
“Adhi Martalaya! Ngucap aja angger ngucap. Aku iki dutaning Kumpeni. Yen kowe
ora gelem nuruti panjalukku, kowe bakal adu arep karo aku, Dhi!”
Martalaya : “We
la Kakang, sadumuk bathuk sanyari bumi takbelani tumekaning pati, Kakang! Iki
ora ateges aku nrunyak murang tata wani marang sedulur tuwa, nanging iki bab
martabating bangsa, Kakang! Dakladeni karepmu, Kakang!”
Banjur Martalaya lan Martapura adu kadikdayan atosing balung
kandeling kulit ana plataraning kadipaten Tegal uga dipunsekseni para punggawa
lan para prajurit kabeh.
……………………………………………………………………………………………………………………
1. Saka
punggelan crita drama kasebut, sapa sing dadi paraga protagonis yaiku ....
A. Martapura
B. Martalaya
C. Kumpeni
D. Prajurit
2. Saka
punggelan crita drama ing dhuwur, Seting panggonan rerembugan ana ing ....
A. Alun-alun
Tegal
B. Markas
Kumpeni
C. Daleme
Martalaya
D. Plataran
kadipaten Tegal
3. Sapa wae
kang dadi paraga utama jroning crita drama kasebut ....
A. Martalaya
B. Martapura
C. Martalaya
lan Kumpeni
D. Martalaya
lan Martapura
4. Pitutur
jroning punggelan crita drama ing dhuwur yaiku ....
A. Manut
bangsa penjajah iku mesthi kepenak ing uripe
B. Kawula
alit iku kedah manut ujare para penggedhe negara
C. Sedulur
enom iku ora oleh wani duga marang sedulur tuwa
D. Manungsa
iku kudu wani njaga martabating bangsane dhewe-dhewe
Wacanen punggelan crita wayang ing ngisor kanthi setiti !
………………………………………………………………………………………………………………
Sang prabu utusan nimbali sawijing pandhita
asma Begawan Wasista atur pamrayoga, sang nata
kaaturan sidhekah ing jawata. Atur rembuge Bengawan wasista atur pamrayoga, sang nata
kaaturan sidhekah ing jawata. Atur rembuge Begawan wasista gawe renaning
panggalih, nuli kalapahan.
………………………………………………………………………………………………………………
5. Wong kuwi diwajibne usaha kanggo ngowahi nasibe. Tembung kang tegese
padha karo usaha ing wacan ndhuwur yaiku ....
A. mbudidaya
B. kasembadan
C. pamrayoga
D. asedhekah
6. Tegese tembung Jawata yaiku ....
A. Raja
B. Dewa
C. Pandhita
D. Prameswari
7. Salah
sijine karya sastra sing nduweni perangan kanggo diparagakake (dimainake)
dening aktor diarani....
A. drama
B. sesorah
C. tembang
D. geguritan
8. Salah
satunggale jinis drama Jawa sing oleh penghargaan saka UNESCO yaiku ....
A. Ketoprak
B. Wayang
C. Lenong
D. Ludruk
9. Supaya
drama iku lumaku kanthi becik ( X ) ... kedah bisa milah lan milih ( Y ) ... sing trep karo watake
kang bakal ditampilake. Ora mung iku wae ananging kudu bisa aweh tuladha,
mimpin lan nyorteni sakabehane kru.
Saka katrangan ing dhuwur ceceg-ceceg tandha ( X ) sing trep
diiseni ....
A. Paraga
B. setting
C. sutradara
D. improvisasi
10. Saka
katrangan ing dhuwur ceceg-ceceg tandha ( Y ) sing trep diiseni ....
A. paraga
B. prolog
C. setting
D. dialog
11. Urut-urutane
prastawa (peristiwa) ing crita drama wiwit saka prolog, klimaks nganti
tumekan pungkasane crita diarani ....
A. alur
B. setting
C. prolog
D. paraga
12. Mobah
mosike polatan para paraga jroning main drama diarani ....
A. epilog
B. mimik
C. konflik
D. setting
Wacanen teks tembang Jawa ing ngisor iki !
………………………………….
Abote wong nandang tresna / Tak belani nganti tekan pati /
Tresnaku mung kanggo sira / Arjuna bagus sing merak ati / Awan bengi ra bisa
lali / Tansah eling esemmu / Nganti kapan aku ra ngerti / Bisa nyanding sliramu
/ Abote dadi wong sudra / Tresna tulus ora dipercaya / Wong tuwa ngumbar sujana
/ Tansah ngira aku wong durjana / Pancen dalan sing tak liwati / Ngalor, ngidul
mung dengkul / Paribasan turu klesetan / Uripku tansah cedhak pacoban / Wong
bagus-wong bagus tak enteni / Lilane wong tuwaku nerima kowe / Sing sabar-sing
sabar ya tresnaku /
Ing tembe
mburi bakal dadi duweku / Duh
Gusti sing tak puji paringono dalan kanggo tresnaku.
13. Teks
tembang Jawa ing dhuwur kalebu jinise ....
A. Tembang
dolanan
B. Tembang
macapat
C. Tembang
tengahan
D. Tembang
gagrag anyar
14. Irah-irahan
tembang Jawa kasebut yaiku ....
A. Tresna
tulus
B. Tresna
sudra
C. Nandang
tresna
D. Pacobaning
tresna
15. Miturut
teks tembang Jawa ing dhuwur “Tansah ngira aku wong durjana” nduweni
teges ....
A. Wong sing
bagus
B. Wong sing
sugih bandha
C. Wong sing
tumindake ala
D. Wong sing
ora duwe bandha
16. Saka tesk
ing dhuwur tembung “ sudra “ nduweni teges ....
A. wong asor
B. Wong
sugih
C. wong
gedhe
D. wong
pangkat
17. Irah-irahan
tembang Jawa ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku ....
A. p[cobnNi=t}sN
B. t}sNtulus
C. nnF=t}sN
D. t}sNsuf]
18. Ing
ngisor iki sing kalebu jinise tembang macapat yaiku ....
A
|
B
|
C
|
D
|
Prau
layar
Kupu
kuwi
Layang
kapindo
Tresna
sudra
|
Layang
swara
Asmaradhana
Jambu
alas
Cinta
tak terpisahkan
|
Asmaradhana
Dhandhanggula
Kinanthi
Pangkur
|
Tak
tunggu balimu
Buta-buta
galak
Titip
kangen
Luntur
|
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki !
Ilmu kasat mata
Ilmu batin den jajagi
Iku kabeh kanggo sangu uripira
19. Tembang
macapat ing dhuwur kalebu jinise ....
A. Tembang
asmaradhana
B. Tembang
kinanthi
C. Tembang
pangkur
D. Tembang
pucung
20. Guru lagu
lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku ....
A. 12p – 6i
– 8i – 12i
B. 12h – 6a
– 8i – 12a
C. 12u – 6a
– 8i – 12a
D. 12kawru –
6mata – 8jagi – 12ira
21. Cacahing
wanda saben sagatra diarani ....
A. guru lagu
B. guru gatra
C. guru
sastra
D. guru
wilangan
22. Tembang kang watake
sedih lan kelangan pangarep-arep yaiku tembang ....
A. Pangkur
B. Gambuh
C. Kinanthi
D. Megatruh
23. Tembang
macapat iku cacahe ana ....
A. 10
B. 11
C. 12
D. 13
Wacanen sapada tembang macapat ing ngisor iki kanthi setiti!
Sinom
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen ta melu anglakoni
Boya keduman melik
Kaliren wekasanipun
Dilalah kersa Allah
Begja-begjane wong kang lali
Luwih begja wong eling lawan waspada
24. Guru
gatra tembang sinom ing dhuwur ana ....
A. 9
B. 8
C. 7
D. 6
25. Guru lagu
tembang sinom ing dhuwur yaiku ....
A. n – i – n
– i – k – n – h – I – a
B. a – i – u
– i – i – u – h – i – a
C. a – i – n
– i – i – n – h – i – a
D. a – i – a
– i – i – u – a – i – a
26. Nalika
candra ndadari utawa tanggal 15 bocah-bocah jaman rumiyen padha dolanan ing
plataran banjur padha nembangake tembang dolanan. Tembang dolanan apa sing trep
karo kahanan kasebut ....
A. Jamuran
B. Padhang
mbulan
C. Sluku-sluku
bathok
D. Cublak-cublak
suweng
Gatekna para seniman tembang Jawa ing ngisor iki !
1. Ki Ageng
Selo
5. Ki Ng.Rangga Warsito
2. Ki Anom
Suroto
6. Ki Narto Sabdo
3. Ki Enthus
Susmono
7. Ki Manteb Sudarsono
4. Ki Ageng
Suryamentaram
8.
Sri Sultan Hamengkubuwana IV
27. Sing
kalebu seniman tembang Jawa gagrag anyar yaiku ....
A. 2 – 3 – 6
– 7
B. 2 – 4 – 5
– 6
C. 1 – 4 – 5
– 8
D. 1 – 2 – 6
– 8
Gatekna tembang dolanan ing ngisor iki !
Gundhul
Pacul
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
28. Pitutur
jroning tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....
A. Wong ing
alam donya iku kedah iling lan waspada
B. Wong urip
iku aja adigang, adigung, adiguna
C. Wong urip
iku sing sapa salah kudu seleh
D. Wong urip
iku ora oleh gundhul
29. Dong
dinge swara ing pungkasane gatra diarani ....
A. Guru lagu
B. Guru basa
C. Guru gatra
D. Guru
wilangan
Wacanen teks sesorah ing ngisor iki, kanggo mangsuli pitakonan
angka 30 tumekane 32!
1
|
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
|
2
|
Minangka
purwakaning atur sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti Maha Agung ingkang sampun paring rahmat, taufik sarta
hidayah dhumateng kita sedaya, saengga saged makempal ing papan punika
mangayu bagiya adicara purnawiyata siswa-siswi kelas 9.
|
3
|
Bapak/Ibu
guru ingkang dhahat kinurmatan
Kula
minangka sesulihipun siswa-siswi kelas 9, ngaturaken panuwun ingkang tanpa
upami dhumateng bapak / ibu guru ingkang sampun ndidik kula sakanca kanthi
sae lan sabar. Kula sakanca nyuwun agunging pangaksami sedaya kelepatan.
Kathah kenangan ingkang sampun kababar, wonten ingkang sae lan wonten ingkang
awon. Kula sadar bilih bapak / ibu guru ingkang sampun minteraken lan
nuwuhaken semangat pasinaonipun kula sakanca.
|
4
|
Sedaya
pambiyantunipun bapak / ibu guru, kula sakanca, mboten saged caos pinwales. Ingkang
saged kula lampahi namung nyuwun donga dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung
mugi-mugi bapak / ibu dipunparingi kakuwatan lan karaharjan. Amin
|
5
|
Sasampunipun
kula kaliyan kanca-kanca nyuwun donga pangestu mugi-mugi saged nggayuh punapa
ingkang kula sakanca kajengaken.
|
6
|
Wusana
cekap semanten atur kula menawi wonten kirang langkungipun atur, nyuwun
agunging samodra pangaksami.
|
7
|
Wassalamu’alaikum
wr. wb.
Nuwun
|
30. Saka teks
sesorah ing dhuwur sing kalebu perangan surasa basa tinemu ing angka ....
A. 2
B. 3
C. 4
D. 5
31. Saka teks
sesorah ing dhuwur sing kalebu perangan wasana basa tinemu ing angka ....
A. 2
B. 3
C. 5
D. 6
32. Saka teks
sesorah ing dhuwur sing kalebu perangan purwaka tinemu ing angka ....
A. 1
B. 2
C. 6
D. 7
33. Medharake gagasan ing
ngarepe wong akeh (umum) kanthi tujuan tartamtu diarani ....
A. sesorah
B. tembang
C. geguritan
D. sandhiwara
34. Sajroning
pidhato / tanggap wacana iku ngemot ....
A. Salam
pambuka, isi, purwaka, pangarep-arep, dudutan, panutup
B. Isi,
salam pambuka, pangarep-arep, panutup, purwaka, dudutan
C. Salam
pambuka, purwaka, isi, dudutan, pangarep-arep, panutup
D. Pangarep-arep,
salam pambuka, isi, purwaka, panutup, dudutan
35. Ing
ngisor iki olah sarira sing apik nalika tanggap wacana yaiku ....
A. Anteng,
asring banda tangan
B. Akeh
ngguyu sing digawe-gawe
C. Ngadheg
asring ndheleng cathetan
D. Ngadheg
kang lumrah, pasuryan ngadhep lan tenang
Wacanen wacan ing ngisor kanthi setiti !
Sinau iku penting banget tumprap para siswa. Apamaneh yen asring
maca ning perpustakaan. Mula bocah-bocah padhaa menyang perpustakaan. Miliha
lan wacanen buku-buku ing perpustakaan supaya tambah kawruhmu.
36. Cuplikan
wacana ing dhuwur tujuwane yaiku ….
A. Menehi
hiburan ing perpustakaan
B. Menehi
pangerten pentinge sinau
C. Nyenengake
siswa tumprap perpustakaan
D. Menehi
pangerten pentinge perpustakaan
Gatekna punggelan teks sesorah ing ngisor iki !
………………………………………………..
Pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula ndherekaken lampahing
adicara ing siang menika kathah klenta-klentuning atur saha solah bawa ingkang
mboten mranani, saestu kula minangka pranatacara naming saged ngaturaken kupat
duduh santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten. Mugi rahayu ingkang tansah
pinanggih. Nuwun.
………………………………………………..
37. Ukara ing
dhuwur kalebu perangan sesorah ingkang …..
A. pangarep-arep
B. salam
penutup
C. wasana
basa
D. purwaka
38. Ing ngriki kula
minangka sesulih Kepala Desa, badhe ngaturaken Sugeng ari adi, Minal aizil wal
faizin.
Tegese tembung sesulih ing wacan ndhuwur yaiku …..
A. wakil
B. kanca
C. pimpinan
D. andhahan
39. Aksara
murda iku cacahe ana ….
A. 3
B. 5
C. 8
D. 20
40. Penganggone
aksara murda yaiku ....
A. Nulis
jeneng dhiri, jeneng kutha, jeneng gelar
B. Nulis
jeneng dhiri, jeneng kewan, jeneng cekakan
C. Nulis
jeneng desa, jeneng saka basa Arab, jeneng angka
D. Nulis
jeneng gunung, jeneng saka basa Arab, jeneng angka
0 komentar:
Posting Komentar